Cerkak Bahasa Jawa YUMINAH



YUMINAH

Yu minah kui wong wadon kang awake demplah emplah-emplah, nyambut gawenen ngluwihi garapane wong lanang, ananging yuminah duweni sikap sing ala yaiku seneng profokasi marang tangga tanggane sing ora disenengi. Yuminah duweni anak 1 wadon sing ayu banget, anak’e yuminah jenenge sinta, sinta kui wes duweni bojo lan duwe anak 2, bojone sinta gaweane dadi tukang platok kayu sing wes terkenal ing desane.


Sakwijine dino ana tanggane yuminah yaiku bu Prapti sing arep mantu anake, ananging amergo yuminah karo Bu prapti musuhan, yuminah duweni karep ora bakal nyumbang nang omahe bu prapti. Ora mung amergo kui, yuminah yo mikir yen awake rabakalan mantu maneh, dadi yuminah wegah nyumbang amergo sumbangane ora bakal bali.

Yuminah ajak-ajak tanggane supaya orang pada nyumbang, salah sijine tanggane sing ora arep nyumbang yaiku lek darmi, lek darmi tanggane yuminah sing pro karo deweke. Anangeng pas wayahe mantenan, lek darmi sido nyumbang nang omahe bu prapti, banjur yu minah reti yen lek darmi sido nyumbang, yuminah langsung mureng-mureng marang lek darmi “mi darmi karepmuke piye ??? jare wingi ora arep nyumbang nyatane saiki we malah mangkat nyumbang la sak karepmu dewe ae, kadung aku ra nyumbang rumangsamu aku po ra isin ngene iki !!!” yuminah banjur gage gage muleh, nalika muleh mlakune mundur-mundur karo mureng-mureng, pas tekan ngarep omahe yuminah ra reti yen kapak sing biasane dinggo mlatok kayu mantune kepidak .

Banjur yuminah bengak-bengok njalok tulung nyeluki sinta, anangeng sinta ora enek nang omah, krungu ana sing bengak-bengok njalok tulung tangga-tanggane yuminah pada metu lan langsung nggawa yuminah menyang UGD lan yuminah diinepne menyang rumah sakit kui.

Sesok e pak dukuh lan bu dukuh nyambangi yuminah nang rumah sakit, tekan kana yuminah isik turu wae nang kasur, pak dukuh lan bu dukuh ngomongi nang yuminah ambi nyelehne oleh-oleh dinggo yuminah “yuminah, yen arep nyumbang kui kudu iklas, lan kabecikan sing males gusti” banjur ngono yuminah isin karo pak dukuh lan bu dukuh, yuminah ngomong yen ora bakal koyo ngono meneh, yuminah arep nyumbang sing iklas lan ora arep profokasi meneh sing ala-ala,yuminah ora bakal musuhi tanggane maneh, yuminah pengen njalok ngapuro menyang tangga-tanggane sing dimusuhi salah sijine Bu Prapti.

Comments